Endahing Desoku


Minangka sambeting carita, hanenggih punika ta gumelaring padesan kang sinebat Ngadirojo, inkang sinebat ing kecamatan Sooko Ponorogo. Ingkang kinarya rerengganing pawiwahan agenge yayah harga rinengga. Dhasare papan miring winaradin winangun padhukuhan, wijang kang marga-marga manghayat minggahing gunung. Kanan kirining marga kang katingal hamung gumelaring pasabinan dalah pategalan.

Salebeting marga sinebaran sela retna, nilakapraja. Mila yen kinarya lumampah, kasampar kasandung pating glebyar pindha kartika rebut sasana. Dhasar padesan kang panjang punjung  loh jinawi gemah ripah karta tuwin raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane,  ripah janma kang sami gegriya salebeting praja, loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi lire sugih toya wening kinclong, gemah alaku dagang kang rina klawan wengi datan ana pedhote, karta kawula ing dusun kang ayem tentrem manahe, raharja tebih saking parangmuka.

Ini adalah gambaran indahnya alam pedesaan yang masih asri dan alami yang berada di Desa Ngadirojo Kecamatan Sooko, Kabupaten Ponorogo.



2 thoughts on “Endahing Desoku

Leave a comment