NGGÈR ANAKKU ……..


Nggèr anakku……

Sawetara candra linaku

Prasasat ora krasa rina klawan wengi kalakoni

Ngerti-ngerti sedhela tekanè isuk marani sorè

Kabujung nemui lakuning warsa

Enem warsa kalakoni tanpa rasa

Anggonmu ngudi kawruh ing pawiyatan dasar iki

Nggèr anakku …..

Wis tiba titi mangsanè

Awakmu jumangkah ing pawiyatan kang luwih duwur

Amrih bisa miguna tumpraping nusa bangsa lan agama

Aja kasigeg lakumu amung teka kènè

Nggèr anakku ….

Paripurna saka pawiyatan kènè

Jumangkaha ing dalan kang padang kebak karaharjan

Pecakana lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara kamulyan

Bumi kang kapidak kebakana darma

Anggawa ganda arum wangi mring sesami

Nggèr anakku …….

Basa tutur kang rinacik ing nguni

Wulangrèh kang dèn memetri

Pitutur kang bener iku

Sayektiné iku pantes dadi pituduh lakunira

Aja ambek adigang, adigung, adiguna kang dèn reksa

Nora wurung mung kacilakan kang bakalé nemahi

Nggèr anakku …….

Muga Gusti kang Maha Agung paring pangestu
Ing sakdawaning lakumu
Donga lan upaya iku wis pancen kudu

15 thoughts on “NGGÈR ANAKKU ……..

  1. walah pak guru tenan kieh…
    aq ngunu ga bisa merangkai kata2 puisi opo maneh boso jowo ngene….
    *aq dadi murite pak zhitoer sek pantes yoh, xixixixixi*

    mangstab wejangan2e….

Leave a comment