Endahing Desoku


Minangka sambeting carita, hanenggih punika ta gumelaring padesan kang sinebat Ngadirojo, inkang sinebat ing kecamatan Sooko Ponorogo. Ingkang kinarya rerengganing pawiwahan agenge yayah harga rinengga. Dhasare papan miring winaradin winangun padhukuhan, wijang kang marga-marga manghayat minggahing gunung. Kanan kirining marga kang katingal hamung gumelaring pasabinan dalah pategalan.

Salebeting marga sinebaran sela retna, nilakapraja. Mila yen kinarya lumampah, kasampar kasandung pating glebyar pindha kartika rebut sasana. Dhasar padesan kang panjang punjung  loh jinawi gemah ripah karta tuwin raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane,  ripah janma kang sami gegriya salebeting praja, loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi lire sugih toya wening kinclong, gemah alaku dagang kang rina klawan wengi datan ana pedhote, karta kawula ing dusun kang ayem tentrem manahe, raharja tebih saking parangmuka.

Ini adalah gambaran indahnya alam pedesaan yang masih asri dan alami yang berada di Desa Ngadirojo Kecamatan Sooko, Kabupaten Ponorogo.



23 thoughts on “Endahing Desoku

  1. apik tenan ancene!!! cuma radosanipun niku lo pak engkang mboten nguwati,, hanggawe awang awang e ati menawi bade tindak an mriku!!!!! enggal2 di aspal mawon supados entheng menawi ngersak aken degan !!! wkwkwkw

    • itu batu yang berada di puncak gunung. memang ditempatku suasananya masih alami banget. mari silahkan berkunjung ke desa kami

  2. liat foto yg kedua dr bawah jd inget filmnya laskar pelangi….
    kl liat foto smuanya jd mupeng,,,g nyangka ad tmpat kyk gtu..msh asri bgt. d tempate embahku masio d desa tp ud g seasri itu…

  3. […] Desa Ngadirojo adalah salah satu desa yang berada di Kecamatan Sooko Kabupaten Ponorogo. Desa Ngadirojo terletak diantara perbukitan sehingga pemandangan di desa ini sangat menawan. Jika dulu saya pernah menulis ENDAHING DESOKU yang isinya tentang keindahan alam Ngadirojo, kali ini saya mencoba sisi lain pemandangan yang ada di Desa Ngadirojo Kecamatan Sooko. Ini adalah hasil jepretan dari kamera HP jadi mohon maaf jika hasil fotonya kurang memuaskan. […]

  4. lha niku kalih dusun jurug sebelah pundine,kulo pernah kemah lomba teng lapangan jurug akhir th, 70 an

      • wah,kulo mboten pati apal niku,padahal mbah kulo asli pulung lho.mulane kulo apale nggih singgahan,sugihan,pudak,patik………….rak nggih taksih adem to,hawanipun?

Leave a comment