Nalikaning wengi sansaya atis,
Lumaku sang hyang bayu,
Alambeyan asmara ening,
Gumiring lelakuning candra,
Rebo pahing landhep wukune,
Nemahi dina kaping selikur,
Nopember edal amarengi,
Ing warsa siji sanga wolu papat ,
Mijil jalma kanti waluya jati,
Klawan marsudi hayu budi,
Akarya senseming nala,
Gembiraning wardaya,
Gumawaning pangangen rasa,
Nuwuhake puji pangestuti mring Gusti,
IMAM TURMUDI sinebat biyung bapa,
Tetenger ngupadi ing ngalam danya,
Tutwuri pangarep-arep lan dedonga,
Nalikaning tumitah ing ngalam donya,
Dadia putra kang miguna,
Tumraping kaluwarga lan sasama,
Uga nusa bangsa lan agama,
Kanthi alandhesan budi suci,
Manembah mring ngarsaning Gusti,
Asih tresna sasami,
Pan iku dadi wotipun,
Adoh marang kanistan,
Ing janji tan mbalenjani,
Tatag tangguh, saguh ing sabarang karya.
***
Nopember nemahi dina selikur iki,
Kairing lakuning ratri,
Rina kalawan wengi gilir gumanti,
Nora krasa nenemlikur warsa kalakoni,
Kanti suka bagiya hanemahi,
Nuwuhake pinuwun mring Gusti kang Murbeng Dumadi,
Kanti tambahing yuswa iki,
Mugia Sang Widi paring yuswa ingkang migunani,
Tumpraping pribadi tuwin sesami,
Ugi mugi kaparingan lancar rejeki,
Kang halal lan mbarokahi,
Kaparingana ngelmu kang manfaati,
Kangge sangu nalikaning ngadep Gusti,
Tinemuake mring jodho kang marak ati,
Kangge hanglampahi titahing Gusti lan Nabi,
Tinebehna saking ruhbeda kang yekti,
Kalis ing sambikala mring sedayaning margi.
sugeng ambal warsa kang
amin
sugeng ambal warsa kang
suwun boz
intine,,, selamat hari ulanag tahun yo pak,,, mugo2 kaber opo sing apik2 yg akan pean lakoni!
pandongane yo nduk…..
asalamualaikum wong elek..
aamiin ya Allah…