Nandur Wiji Keli


Bandho donya gampang lunga, Pangkat drajat gampang oncat, Bojo ayu bisa mlayu

Kanggone wong Jawa duweni pangeman menawa bandha donya, pangkat drajat lan semat kuwi mung saderma nggaduh peparing saka ngarsane Gusti Kang Akarya Jagat. Sawayah-wayah lamun Gusti kang paring gadhuhan ngersaake bali marang ngersa-NE, ora kurang marga aggone jebol kamukten kang gawe cintrakaning manungsa kuwi. Mung bae yen manungsa wis kerem ing gaduhan saka ngarsane gusti banjur awel anggone nglepeh. Karepe ngono pengen langgeng salawase anggone ngemut kamukten tanpa mikir sejatine urip kang sejati.

Jumbuh karo perkara kasebut ana piwulang luhur, menawa yen wis tumekaning janji wong mati iku ora gawa bandha. Mula perkara gaduhan iku kapan dikersaake amung Gusti kang pirsa. Siji pathi, loro jodho, telu tibaning wahyu, papat dununge kodrat lan lima gadhuhaning doya amung dadi purbawasesaning Gusti Kang Murbeng dumadi. Perkara iki kudu bisa ngelangake marang kamukte kang dadi pangimpening manungsa yen sejatine mung sakgebyaring netra bebasane. Mula elinga, Bandha doya gampang lunga, pangkat drajat gampang oncat, bojo ayu bisa mlayu. Piwulang iki bisa dadi pepeling luhur kangge anggayuh sejatining urip. Mula sing sapa kadunungan pangkat la drajat aja adigang adigung. Lan sig sapa kadunungan kaluwihan aja adiguna mring sasama. Kadunungan kamuktening donya kudu tansah eling marang sapadha. Aja nganti kamukten kuwi dadi tetesing waspa nanging dadiya sukaning wardaya, amemagun karyenak tyasing sasama.  Tegese bisa ambangun bungahig liyan. Gawe bungahing liyan bisa sarana sewu marga. bisa kanthi manising ati, luhuring wardaya, luhuring subasita sarta ilining bandha danya kanthi rila ing dana.

Kamuktening urip asring ditegesi sarana turah bandha. Mula supaya bondha donya ora dadi memala kudu disranani kang bisa agawe pigunaning liyan. Kamukten saka bondha donya kang ala iku wekasane mung bakal ngangsa-ngangsa yen ora linambaran amemangun karyenak tiyasing sasama. Mula yen bakal lestari tumus marang anak putu kudu gegebengan marang perkoro siji iki. NULUNG SAPEPADHANING TITAH AJA MIKIR WADHUK, KANTOG LAN WAYAH LAN KUDU LINAMBARAN ATI KANG WENING. Ora kena kinantenan pamprih kang bakal gawe reregeting niat. Yen sabarang tumindak becik nanging isih kinanthenan pamprih dadine bakal muspra.

Mula ayo angudi amprih bisa dadi wong kang iso nandur wiji keli. tTegese dadiya pawongan kang tumindak nyebar wiji (bibit) ing kali, embuh tibane ana ngendi mung kebak pangarep-arep yen samangsa-mangsa wiji mau bisa tuweuh dadiya kag ana pigunane marang liyan tanpa mawas sapa kang bakal ngunduh wohing wiji mau.

Leave a comment