Sang Dwija


Sasat lumampah ing wanci dalu

gagap gagap tanpa lampu

sumunar kang katon sajroning pandulu

mung rasa kang akarya laku.

Nalika semana simbah nate carita

dadi dwija kudu sabar lan narima

merga kabeh wus dadi prasetya

kinarya dalan labuh nagara.

Nanging pancen mangkona nyatane

dadi dwijo abot sanggane

mobah polah sarwa diematke

amprih bisa dadi tuladha murite.

Dongaku marang poro dwija

aja nalangsa marga tanpa tandha

kang baku bisa kinarya wiwara

murih poro putra luwih miguna

6 thoughts on “Sang Dwija

  1. Gini, saya dikasih tugas guru saya buat cari geguritan di internet dan bolehkan saya copas geguritan ini. Tenang? Saya bkal nyantumin sumber dan penciptanyakok. nama asli nya emang akang zhithoer ya? ya?

Leave a comment