Nggèr anakku……
Sawetara candra linaku
Prasasat ora krasa rina klawan wengi kalakoni
Ngerti-ngerti sedhela tekanè isuk marani sorè
Kabujung nemui lakuning warsa
Enem warsa kalakoni tanpa rasa
Anggonmu ngudi kawruh ing pawiyatan dasar iki
Nggèr anakku …..
Wis tiba titi mangsanè
Awakmu jumangkah ing pawiyatan kang luwih duwur
Amrih bisa miguna tumpraping nusa bangsa lan agama
Aja kasigeg lakumu amung teka kènè
Nggèr anakku ….
Paripurna saka pawiyatan kènè
Jumangkaha ing dalan kang padang kebak karaharjan
Pecakana lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara kamulyan
Bumi kang kapidak kebakana darma
Anggawa ganda arum wangi mring sesami
Nggèr anakku …….
Basa tutur kang rinacik ing nguni
Wulangrèh kang dèn memetri
Pitutur kang bener iku
Sayektiné iku pantes dadi pituduh lakunira
Aja ambek adigang, adigung, adiguna kang dèn reksa
Nora wurung mung kacilakan kang bakalé nemahi
Nggèr anakku …….
Muga Gusti kang Maha Agung paring pangestu
Ing sakdawaning lakumu
Donga lan upaya iku wis pancen kudu